Urip Prasojo..

>> Friday, May 1, 2009

TEMBUNG prasaja iku mengku teges werna-werna. Prasaja iku mengku teges ‘’apa anane, ora goroh utawa ngapusi’’, upamane ing ukara, “Matura sing prasaja.” Prasaja uga nduweni teges ‘’sederhana’’, upamane, “Solah bawa lan sandhang penganggone sarwa prasaja.” Keladuke tembung prasaja iku uga ditegesi “durung moderen” utawa primitif, upamane, “Suku terasing iku kabudayane isih prasaja banget.” Prasaja kanthi teges ‘’sederhana’’ iku jlentrehe ‘’ora digawe-gawe, apa anane, ora sarwa keladuk utawa berlebih-lebihan’’.


Masyarakat moderen iku “gaya hidup”-pe wis ora prasaja. Sarana lan prasarana moderen nuwuhake gaya hidup kang beda kang uwis-uwis. Masyarakat moderen iku sifate dadi individualistis lan materialistis. Materi, jabatan, gengsi iku digatekake banget. Penampilan kudu tansah dijaga, solah bawa nyandhang penganggo aja nganti nguciwani. Sing rumangsa dadi tokoh masyarakat (public figure) kudu tansah jaim (jaga immage).


Satemene urip prasaja utawa hidup sederhana wis diwarak-warakake wiwit biyen. Akhir-akhir iki dianjurake supaya padha ngregani lan nggunakake barang-barang produksi dalam negeri utawa gaweyan Indonesia dhewe. Pancen akeh kang padha kedanan barang-barang produksi luwar negeri lan nganggep asor barang-barang gaweyan Indonesia dhewe. Lha wong buah-buahan bae kayadene jeruk, duren, apel, akeh sing diimpor saka mancanegara, durung barang-barang liyane.


Ing swasana krisis keuangan global, urip prasaja iku perlu. Urip mewah-mewahan iku ora tepaselira karo sebagian gedhe masyarakat sing uripe kesrakat. Sajrone krisis iki impor lan ekspor suda akeh. Supaya barang produksi dalam negeri payu, perusahaane ora bangkrut, pasar dalam negeri kudu diramekake. Kanthi mangkono perusahaan isih bisa mlaku, pabrik terus jalan, saengga buruh sing kena PHK ora saya tambah akeh.


Masyarakat Indonesia iku satemene isih kudu prihatin. Ora mung marga anane krisis keuangan global, nanging uga amarga utange saya akeh, anane bencana alam kang matumpa-tumpa, produksi narkoba gedhen kang ngancam generasi muda, lan liya-liyane. Keprihatinan iku perlu diwujudi srana urip prasaja, senajan ana ya ora perlu hidup bermewah-mewah lan pamer kemewahan. Urip prasaja iku tegese hidup hemat, setiti lan ngati-ati, ora bra-breh. Solidaritas marang warga masyarakat sing uripe sengsara perlu digedhekake, ora mung winates nalika ngadhepi pemilu bae. Perlu diudi kepriye carane ngentasake masyarakat saka kemelaratan lan kebodohan.


Urip prasaja iku ora bermewah-mewah lan gengsi-gengsinan. Urip prasaja minangka wewujudane rasa prihatin iku hidup hemat, kebak tenggang rasa lan solidaritas marang warga masyarakat kang uripe luwih rekasa.


Dening Soedjarwo (Suara Merdeka)


0 comments:

Total Pageviews

  © Free Blogger Templates Skyblue by Ourblogtemplates.com 2008

Back to TOP